LintasDaerah.id – Awan iku, Kadipaten Njomplang rasane tambah panas ora karuan. Bukan karena matahari sing kembar wingi kae, tapi kabar anyar saka Pendopo Kadipaten sing gawe ati ‘mak tratap’.
Pas angin lagi kenceng-kencenge, Adipati Wariso, bareng wakile lan patih, ngumumke daftar sopo-sopo sing dadi Tumenggung. Iku ae kabare ono beberapa gelombang..
Ning daftar iku ora mung kursi Tumengung anyar sing diumumno, tapi ya ono jenenge kepala tabib, sing ujung-ujunge dadi rasan-rasan.
Rusmini sing lagi nyuci baju ndek kali, nyeletuk sambil nggebrak baju e nang papan cucian.
“Walah, sing dadi Tumenggung kok yo wajah-wajah lawas meneh. Mung wong iki geser nang kono, sing wong iko digeser nang kene. Aku ngarani, iki koyo jemuran sing dijupuk pindah, ujung-ujunge yo garing karo mambu apek!”
Mbok Semok langsung nyeletuk, “Lha iya, Nduk. Wong-wong pasar wis padha ngomong, pergantian jabatan kuwi sarat pelicin. Koyo gorengan ben mateng cepet, kudu dicelup minyak akeh dhisik.”
Yuk Linda, sing lagi jik tas teko, langsung mesem getir lan nyamber
“Sing lucu mane yo Mbok, ono Tabib Pinuji mlebu maneh dadi Kepala Tabib Kadipaten Njomplang, padahal kabeh ngerti Tabib Tentrem sing luwih pantes. Ning yo piye, sing nduwe kuasa yo Adipati. Rakyat mung iso mangan tempe karo garam, asal pawone tetep ngebul saben esuk.”
“Malahan, obrolan soal kursi tumenggung lan kepala tabib dadi trending topik di warung kopi sampek pos ronda,” tambah Yuk Linda.
Mbok Semok nyaut maning, “Lha kok yo pas pisan, wong sing geser iku kok rasane ora adoh-adoh saka wong-wong sing wis suwe dilirik Adipati. Iki koyo masak sayur asem, sing ketoke seger, ning isine asam terus.”
Yuk Linda nyuntek baju e sing arep dicuci. “Ono maneh sing luwih asyik Mbok, Rus”.
“Opo iku Yuk,”
“Kabare, sing digeser dadi Tumenggung nang lahan sing “basah” iku diarani Geng Jokripik. Nek dhuduk geng-e, yo dadi Tumenggung sing lahane garing.”
“Sing tenan Yuk..,” Rusmini mlongo.
“Analisamu koyok Yes-yeso Yuk,” sergah Mbok Semok.
“Aku iki mung oleh info, Mbok… Tapi nek tak pikir, yo ono gak salahe. Salah satu contohe, Kursi sing ngurusi lalu lintas, terminal, terninal kargo lan liyone digeser nang urusan parpol, LSM,” Yuk Linda mesem kecut, sekecut anggaran nang Ketemenggungan minim proyek.
“Trus sing cetho welo-welo, yo Kepala Tabib Njomplang. Lahan “basah” kuwi. Sakdurunge dadi Kepala Tabib neh iki, tau digeser nang Ketemenggungan sing lahane garing puol. Trus maneh ono Demang sing digeser. Saiki dadi Demang Njomplang. Mbiyen, dia dadi demange Adipati Wariso waktu jik dadi Bekel”. Yuk Linda ngecemes.
Obrolan bareng mbok-mbok sing nyuci bareng Rusmini podo mesem getir. Wong dodolan senggol-senggolan ngomel, “Adipati Wariso ora becus ngatur pedagang sing mleber sampek pinggir taman,”.
Rusmini ngelus tangan sing kisut kena sabun, terus ndomblong mandeng banyu kali sing keruh,
“Njomplang iki akeh kursi sing geser, tapi sing ketiban cilaka yo rakyat cilik sing ketetesan banyune.”
Yuk Linda matane memicing, ndeleng langit sing mendhung, sambil mbatin lirih,
“Kadang, sing rusak kuwi ora mung kursi sing digeser, tapi warasé ati rakyat sing dikorup pangarep-arep.”
Lainnya:
- Panasnya Dua Matahari di Langit Njomplang, Rakyat Gosong Sebelum Panen
- Sepatu Glinding Siap Tanding, Aturannya Malah Bikin Pusing
- Parkir Kuda dan Sapi Rasa Emas
Penulis : Apriani Alva
Editor : Nury






